Oleh: Is Sarjoko (Nini Klenyem)
Mas Marto lan mbak Nari anggenipun
mbangun brayat sampun sawetawis
dangu, sampun pinaringan momongan
tiga jaler sedaya, taksih alit-alit.
Mbajengipun umur 6 tahun.
Senajan mas Marto punika satunggaling
aparat pemerintah (tentara), nanging
kanyata gesangipun kala semanten
Nyenen Kemis alias rekaos.
Kawontenan dereng kados sak punika,
gaji ageng lan taksih ketambah
tunjangan warni-warni.
Senajan dipun rencangi pados tambahan,
dalu dados satpam ing salah
satunggaling perusahaan, nanging kok
inggih meksa dereng cekap, taksih
rekaos.
Mas Marto ngantos judheg manahipun.
Ing satunggaling dinten, mas Marto
mbeberaken kawontenanipun dhateng
salah satunggaling kanca satpam, bab
kados pundi supados gesangipun saget
cekap.
Rencang satpam ingkang nama pak
Slamet wau manthuk-manthuk, lajeng
criyos mekaten :
“Pances kok pak Marto, wong kuwi janji
wis kejudhegan, adhakan njur njupuk
dalan pintas”, ngaten cricosipun.
“Pak Slamet, aku ya wani kok njupuk
dalan pintas, janji wae ora laku colong
jupuk, nggedhor njambret. Yen kecekel
wah wirang, isin lan ya saru. Hla piye
wong aku seorang aparat je,” ngaten
wangsulanipun mas Marto.
“Nek neng dhukun gelem pa ?” pak
Slamet taken.
“Gelem,” wangsulanipun mas Marto
mantep.
“Hayo nek gelem tak terke, ning mengko
rembugana dhewe.” Ngaten pak Slamet
tawi jasa.
Gantos dinten, kekalihipun kesah
dhateng redi Srandil sowan mbah
Jenggot. Inggih tiyang punika juru kunci
ingkang saget wawan rembag kaliyan
roh alus, ingkang saged ngrencangi
pados bandha (dados sugih).
Dumugi mriku, mas Marto ingkang
gadhah perlu ingkang kapurih mlebet,
dene pak Slamet tengga wonten njawi
ngriya.
Sasampunipun sami pitepangan lan
kaaturan pambagya kawilujengan, mas
Marto ngaturaken wigatosing sedya.
Juru kunci inggih mbah Jenggot,
mirengaken kaliyan manthuk-manthuk,
wusana criyosipun :
“Nak, panjenengan punika satunggaling
karyawan pemerintah, gadhah pemedal
ingkang ajeg, mbok inggih ingkang sabar.
Bab cekap utawi sugih punika, rak
namung dereng. Punapa sampun dipun
penggalih saestu ta, nak ?” Mas Margo
sejatosipun lingsem mireng pitakenipun
mbah Jenggot wau, ning kados pundi,
sampun kelajeng dumugi mriku tur
manah sampun mantep. Mila
wangsulipun :
“Sampun pak, kula sampun mantep
nyuwun pitulunganipun bapak.”
“O .... sanes dhateng kula nak, ning
dhateng dhanyangipun redi Srandil
mriki,” mbah Jenggot ngleresaken.
Salajengipun :
“Ning nggih punika nak, wonten unen-
unen, “Jer Basuki mawa bea”. Mas Marto
ngertos kajengipun mbah Jenggot,
tumunten mangsuli :
“Inggih pak kula ndherek,” mbah Jenggot
tumuli nilar mas Marto mlebet senthong
ngantos sawetawis wekdal, saperlu
ngaturaken kekajenganipun mas Marto
dhateng dhanyangipun redi Srandil,
inggih mbah Bewok. Sareng medal mbah
Jenggot criyos :
“Panyuwunan panjenengan dipun
kabulaken, nak dening mbah Bewok,
saratipun penjenengan kedah siam
ngebleng wonten senthong tigang dinten
tigang dalu. Yen sampun rampung,
panjenengan lajeng tindak mriki. Dene
donganipun ngaten : “Mbah Bewok kula
nyuwun bantuanipun supados saget
sugih bandha.”
“O .... inggih, pak.” Ngaten
wangsulanipun mas Marto sagah.
Sasampunipun punika mas Marto lan pak
Slamet sami mahtuk.
Dhateng ingkang estri, mas Marto criyos
menawi badhe prihatos siyam ngebleng,
lan weling, salebetipun tigang dinten
tigang dalu sampun ngantos dipun
ganggu. Sasampunipun rampung
anggenipun siyam, mas Marto wangsul
manggihi mbah Jenggot ing redi Srandil.
Ing ngriku mas Marto lajeng dipun dusi
mawi toya sekar, wadhahipun pengaron.
Pak juru kunci lajeng criyos :
“Nak, penjenengan badhe kadumugen
punapa ingkang panjenengan
kersakaken, ning pendhak gangsal taun
sepisan, dhanyangipun nyuwun kuthuk
utawi cempe setunggal minangka
kurban.”
Sak punika panjenengan kondur,
mbenjing dinten malem Jemuah Kliwon,
mbah Bewok dhanyangipun badhe
dhateng dalem penjenengan, suka
gambaran-gambaran kasugihan ingkang
badhe penjenengan tampi, ning ugi
kuthuk utawi cempe calonipun kurban.
Inggih wekdal punika penjenengan dipun
tanting, estu lan mbotenipun anggenipun
badhe sesambetan kaliyan mbah Bewok
dhayangipun ngriki.”
Saestu, dinten malem Jemuwah Kliwon,
mas Marto njarag tilem wonten ngajeng
konten, ning pikiranipun nglambrang
kengetan criyosipun pak juru kunci, yen
mbah Bewok dhanyangipun redi Srandil
badhe dhateng. Ngantos meh jam kalih
welas mas Marto namung gedabigan,
mboten saged tilem. Inggih mergi saking
ngantukipun, wusana saged les
ketileman.
Ing salebeting tilem, mas Marto ngimpi
dipun dhatengi kaki-kaki rasukan
cemeng, ngajak mas Marto mlebet ing
griya ingkang sae, prabotanipun lengkap,
lan enggal sedaya. Mas Marto piyambak
rumaos gumun, menapa malih sareng
tiyang punika criyos :
“Omah saisine sing becik-becik iki peken,
ning aku ijolana kuthukmu.”
Mas Marto manthuk sagah. Kaki-kaki
rasukan cemeng wau lajeng ngajak
pindhah mlebet ing griya ingkang
langkung sae malih, malah sedaya
tetumpakan wonten, saking sepedha,
motor, mobil. Semanten ugi lemari kaca
ingkang saking njawi ketingal gumebyar,
wadhah warni-warni rerengganing
busana priya lan wanita, kados dene
gelang, kalung, sengkang, sesupe,
ingkang sedaya tinretas berliyan.
Kaliyan ningali kaki-kaki wau criyos
malih :
“Iki sing kaping pindho, uga bakal dadi
duwekmu, ning aku ijolana cempemu.”
Mas Marto manthuk, sagah. Kaki-kaki
wau lajeng ngajak pindhah malih.
Sapunika mlebet ing griya ingkang kados
kraton. Papanipun endah sanget, isinipun
sarwi sae, ingkang dumugi sapunika mas
Marto dereng nate sumerep. Ing meja
dhahar ketingal sumadhiya sawernaning
dhedhaharan ingkang menginaken. Kaki-
kaki wau criyos malih kaliyan mas
Marto :
“Iki kabeh bakal dadi duwekmu, yen
kuthuk lan cempemu mbok wenehake
aku kabeh. Piye kowe saguh ora ? Dene
yen kuthuk utawa cempemu entek,
genten kowe sing melu aku.” Pitaken
ingkang kaping tiga punika mas Marto
dados bingung, mila taksih mendel
kemawon. Ing salebetipun mikir-mikir
menika, punapa ingkang dipun
kajengaken kaki-kaki wau, ndadak sak
njawining griya ingkang kados kraton
punika kapireng tangisipun lare-lare
ingkang sanget ngeres-eresi manah,
ngundang-undang tiyang sepuhipun.
Mireng punika mas Marto taken dhateng
kaki-kaki wau.
“Punika swantenipun punapa ?”
“Ya kuwi swarane kuthuk-kuthuk lan
cempe sing dening wong tuwane wis
dipasrahake aku. Nek kowe kepingin
weruh .... ayo tak duduhi !” Kaki-kaki wau
lajeng mbikak konten butulan.
Kados punapa kagetipun mas Marto,
sareng sumerep lare-lare alit sami dipun
larak-larak tiyang-tiyang gagah-gagah
prakosa, badhe kacemplungaken ing
papan kados kawah ingkang mawanipun
mengangah benter. Elokipun, anak-
anakipun mas Marto tiga punika saking
katebihan ketingal sampun dipun
cepengi kenceng dening tiyang-tiyang
gagah-gagah wau, ning lajeng dipun
oyak semahipun dipun gendholi.
Sumerep punika, mas Marto lajeng
mbradhat mlajar murugi papaning anak-
anakipun kaliyan mbengok sora :
“Aja ... aja ... aja ... kuwi anakku !
Ngertos-ngertos mas Marto dipun gigah
kanthi dipun oyog-oyog sora dening
semahipun, tembungipun :
“Pak ! ... pak ! ... pak ! ... nglilir ...
njenengan ki ana apa ?” Mas Marto
sadhar. Kaliyan linggih, ambeganipun
krenggosan, kringet asrep gumrobyos
medal, badan raosipun kados les-lesan.
Sareng sampun dipum ombeni toya
semahipun, piyambakipun kaliyan
criyos : “Sembahyang pak......
sembahyang ........ ! ben diparingi wening,
ana apa ta ?”
Mas Marto lajeng tumata manahipun,
dangu-dangu lajeng wening. Kemutan
dhateng criyosipun pak juru kunci,
menawi dhanyangipun badhe dhateng,
nanting kekajenganipun, estu punapa
mboten mas Marto anggenipun pados
pesugihan. Lajeng gapyuk ngrangkul
semahipun kaliyan criyos :
“Wis-wis bu, ora sugih ora papa, angger
urip tentrem karo anak lan bojo, aku ora
sida golek pesugihan.”
Semahipun blas mboten ngertos punapa
ingkang dipun kajengaken mas Marto.
Enjing sak sampunipun dipun critani,
nembe mangertos dhodhok selehing
prakawis, menawi semahipun badhe
pados pesugihan ning tanpa tetarosan
semahipun.
Mila criyosipun dhateng ingkang jaler.
“Gage kana dibalak ..... batal wae.......
pak, ora sah sida njaluk sugih ...... yen
kudu ngurbanke kuthuk ..... cempe utawa
anak. Aku madhep mantep nyuwun karo
Gusti, angger nyambut gawe kinanthen
gemi nastiti, suwe-suwe rak ya
pinaringan cukup.” Mas Marto nggega
pemanggihipun ingkang estri, lajeng
bidhal dhateng redi Srandil, saperlu
mbatalaken kekajengan pados
pesugihan. Mas Marto trimah wurung.
Niyatipun badhe kerja keras supados
pinaringan cekap gesangipun.
Pangibadhahipun ingkang rumuyin
kendho, lajeng dipun mempengi. Sregep
anggenipun sembahyang, sesarengan
kaliyan semah lan anak-anakipun
Tidak ada komentar:
Posting Komentar